Aku Boyak balik maneh, ning episode iki aku bakal monolog bahas bab sadranan lan tradisi sadranan yoiku wayangan. yo sadranan saiki sepi mergo pandemi, tapi opo to sing dadi kebiasaan pas wayangan sadranan kui? Ora lali karo sikap kritisku tentang budaya jawa kui sing mulai ditinggalke. Mari budayakan budaya jawa, ojo lali karo peninggalan leluhur. Istilahe wong jowo ojo nganti ilang jawane. Ohiyo, aku bakal terus budidaya nganggo caraku dewe salah sijine nganggo podcast iki. Kanggo penutup, aku nambahi remix lagu dolanan sing judule Padang Bulan versi instrumental mergo suaraku fales. matur nuwun wes ngrungoke podcast ngangsu kawruh. ojo lali diwisuhi tangane.