kelingan karo falsafah kuno jowo, yen ajining dhiri kui iso di delok soko lathi alias pangucapane, omongane sing isoh ngegambarake kepribadian. jaman saiki okeh wong sing omongan lan pemikirane ora sejalan, okeh wong sing omongane kui ndakik-ndakik padahal mung pengangen-angen. sasi poso wis kliwat separo, mugio wae ibadah taun iki isoh dirampungke ingkang sampurno, meskipun ana ing tengah-tengah pandemi. mungkin bali normal kui angel tapi dadi normal sing anyar kui iso wae. tetep jaga kesehatan, ojo lali wisuh lan jaga keresikan dhiri uga lingkungan. matur nuwun, ditutup karo maskumambang kumbang tiba pl.6 sing nggambarake tentang pratanda urip sing arep dianyaki maneh mugio keadaan iso dadi normal maneh, monggo episode kaping limo uwes isoh dirungoke.