Gembala Menyapa
20 Agustus 2022
CARPE DIEM
Kohelet 6:1-9
Wonten penyair Romawi ingkang naminipun Quintus Horatius Flaccus utawi Horace ingkang asring nyerat geguritan ingkang saged katembangaken. Ing salah satunggiling geguritan, wonten tetembungan ingkang mekaten “carpe diem, quam minimum credula postero” – (petiklah hari ini dan percayalah sedikit mungkin akan hari esok). Tetembungan punika paring ajakan supados manungsa saged nglampahi gesang padintenan kanthi jangkep. Manungsa saged migunakaken wekdal ingkang sampun dipun tampi kanthi maksimal ugi saged ngraosaken punapa kemawon ingkang dipun gadahi kanthi kabingahan ingkang maksimal, amargi manungsa punika mboten nyumerepi bab pungkasaning gesang. Tetembungan punika sarujuk kaliyan waosan kita ing dinten punika.
Kohelet lumantar reraosanipun paring pangerten, bilih manungsa punika saged nampi maneka werna sarana kabingahan, kadosdene bandha, putra-putri, sarta kamulyan. Nanging, sanajan ta sampun nampi kathah, pepinginanipun manungsa punika ugi sansaya kathah. Manungsa ingkang tebih saking raos puas badhe mbudidaya kagem mujudaken sedaya pepinginan punika ngantos kesupen ngraosaken punapa ingkang sampun dipun tampi. Miturut Kohelet, punjering kabingahan sanes perkawis jumlah, nanging perkawis wekdal tuwin kasempatan kagem ngraosaken sedaya ingkang sampun dipun tampi. Bilih manungsa sampun nampi kathah, nanging wekdal ingkang dipun tampi namung sekedik, tamtu manungsa punika dereng sempat ngraosaken hasil pambudidayanipun. Satemah miturut Kohelet prayoginipun manungsa punika mboten nuruti hawa nepsu sarta raos penginipun kemawon. Nanging, langkung saged ngraosaken kanthi kabingahan ingkang maksimal punapa kemawon ingkang sampun dipun tampi ing wekdal punika.
Kohelet paring pepenget tumrap kita sami. Kabingahan ing pigesangan saged celak kaliyan kita, bilih kita saged ningali pigesangan punika kanthi pemanggih ingkang imani. Nanging, kabingahan ing pigesangan punika ugi saged tebih, bilih kita migunakaken pemanggih ingkang kalambaran sipat duniawi. Nalika kita taksih nampi wekdal ingkang enggal, sumangga kita sami bebungah lan sumangga raos bungah punika kita wujudaken lumantar kasedyan kita ngisi wekdal peparingipun Gusti kaliyan maneka werna kegiatan ingkang migunani. Carpe Diem, sumangga nglampahi dinten ing pigesangan kanthi maksimal.