Gembala Menyapa
4 Maret 2023
DADOS TULADHA
Mazmur 51:1-17
Nalika upacara bendera ing sekolahan, wonten salah satunggiling Guru ingkang paring tugas dhateng para siswa OSIS bagian kadisiplinan siswa. “He… delengan kae sing baris, ana sing gak nggawe masker. Ndang dicekel, didata, sapa wae iku, ben tertib.” Perintah guru punika sejatosipun nggadhahi tujuan ingkang sae tumrap para siswanipun. Ananging ingkang mrihatosaken, nalika paring perintah dhateng siswanipun, guru punika ugi mboten ndamel masker. Guru punika singkatan saking tembung digugu lan ditiru, menawi kahananipun kados dene ingkang kacariyosaken ing inggil wau, punapa saged guru punika digugu lan ditiru para siswanipun, amargi piyambakipun mboten maringi tuladha ingkang sae lan samestinipun.
Sedaya manungsa punika mboten saged luput saking dosa lan kalepatan. Sanajan Dawud punika tiyang pinilih, piyambakipun ugi mboten luput saking dosa. Waosan ing Jabur 51:1-17 punika minangka pangakening dosa Prabu Dawud awit sampun tumindak dosa wonten ngarsanipun Gusti Allah. Dawud mratobat saking dosanipun sarta nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah, karana piyambakpun sampun mendet Batsyeba, garwanipun Uria. Dawud ngakeni bilih panguwasanipun Gusti Allah ingkang saged mulihaken piyambakipun. Sarana pamratobatipun, Dawud saged dados tuladha lan paring piwulang dhateng tiyang sanes. Pangaken Dawud punika saged paring pangertosan kangge tiyang dosa sanesipun supados mratobat lan ngener ing marginipun Gusti Allah.
Wonten tiyang ingkang purun ngakeni dosanipun, sami cepet-cepet nyuwun pangapura dhumateng Gusti Allah kangge dosa kalepatanipun. Nanging, ugi wonten tiyang ingkang mboten tumindak kados mekaten, awit piyambakipun katon mboten mangertosi dosanipun. Pitakenan kangge kita: “Punapa kita saged dados tuladha menawi kita asring tumindak dosa?” Saben tiyang pitados nggadhahi tugas lan tanggel jawab anggenipun mawartosaken kabar kabingahan saking Gusti. Dados tuladha ingkang sae dhateng sesami punika syarat utami ingkang kedah dipun lampahi. Mangga kita sami nggulawentah gesang kita miturut karsanipun Allah, bilih wonten kakirangan lan dosa, kita sami nyuwun pangapunten dhateng Gusti. Kanthi mekaten kita saged dados tuladha ingkang sae kangge tiyang sanes ing satengahing gesang kita.