Gembala Menyapa
14 Mei 2022
Yeremia 50:17-20
Seneng ora kurang pangalem, gething ora kurang panacad.” Unen-unen punika estunipun cocok sanget tumrap tiyang ingkang serik lan remen ghibah utawi rerasan. Nalika rerasan, ingkang dipun rasani punika tiyang ingkang kita remeni tamtu kemawon isinipun rerasan prakawis-prakawis ingkang sae, mboten kirang anggen kita paring pangalembana. Ananging menawi ingkang kita rasani punika tiyang ingkang kita sengiti tamtu kasaenanipun mboten nate kita sebat, awit wonten kemawon perkawis ingkang mboten pantes ingkang saged dados cacadan kita.
Bangsa Israel ing waosan kita punika ugi nembe dipun kepung dening mengsah. Mboten namung dipun kepung ananging sampun dipun kawonaken lan dipun jajah. Wiwitanipun bangsa Asyur, sak lajengipun bangsa Babil. Kagambaraken bilih kahananipun Israel punika kados mendha ingkang dipun oyak-oyak dening singa. Naminipun mendha tamtu kemawon mboten tanding kaliyan singa. Mendha jelas kawon menawi aben - ajeng kaliyan singa. Sanadyan kahananipun makaten, bilih Gusti Allah nunggil, sadaya kahanan punika badhe ewah. Samukawis ingkang mokal saged kalampahan. Pramila dipun tunggil Gusti punika estunipun kunci utami kagem kamulyanipun sadaya manungsa. Awit sok sintena ingkang dipun tunggil dening Gusti badhe manggih kamulyan sejati. Sadaya dosa ingkang awon lan kakirangan kita dipun tutupi dening Gusti. Pancen tiyang ingkang dipun tunggil Gusti punika, mboten namung sae-sae kemawon gesangipun, ananging sanadyan kita lumampah ing jurange pathi, kita mboten badhe ketamaning pathi.
Pramila, menawi dinten punika kita rumaos awrat anggenipun ngambah marginipun gesang, sampun ngantos ewah-gingsir, anggen kita tetep tetunggilan kaliyan Gusti. Ing patunggilan kaliyan Gusti, kita tamtu ugi dados berkah kagem tiyang sanes. Ing salebeting kita dados berkah, kita mboten kuwatos ghibah ipun tiyang, awit sadaya kahanan kita engkang mboten sae lan dosa kita, Gusti ingkang nutupi.