Gembala Menyapa
21 Januari 2023
GUSTI ALLAH INGKANG PARING KEKIYATAN
Yesaya 51:1-16
“Panganane padha segane, ora usah wedi.” Kita asring mireng tembung punika, tembung kangge paring semangat supados tiyang punika kendel, mboten minderan. Awit wonten tiyang-tiyang tartamtu ingkang ajrih menawi ngadepi tiyang ingkang langkung ageng badanipun, langkung inggil pendidikanipun, ugi langkung inggil pangkatipun. Satemah awit minder punika, tiyang kalawau mboten saged ngayahi tugasipun kanthi sae, mboten saged maksimal. Wonten ugi ingkang malah mboten saged nindakaken punapa-punapa, mendel kemawon. Badhe tumindak ngoten ajrih, tumindak ngeten ajrih, kados-kados tiyang-tiyang kalawau ingkang nentokaken gesang saha samudayanipun.
Bangsa Babel minangka bangsa ingkang ageng lan kiyat armada tempuripun dadosaken bangsa Israel punika rumaos alit ing manah. Punapa malih kasunyatanipun kahanan ingkang dipun alami dening bangsa Israel gegirisi, gesang kebak kasangsaran, lan awrat nyanggi momotan. Awit saking kahanan punika dadosaken bangsa Israel minder lan ajrih dhateng bangsa Babel. Kahanan ingkang mekaten punika kedahipun mboten kelampahan, awit bangsa Israel punika kedahipun namung ajrih dhumateng Gusti Allah kemawon, sanes manungsa ingkang ringkih saha winates, ing titiwancinipun badhe pejah. Sinten ingkang kuwasa tumrap gesanging manungsa? Inggih punika Gusti Allah. Ing waosan kita punika, nabi Yesaya negesaken dhateng bangsa Israel supados namung ajrih dhumateng Gusti Allah, sanes dhateng manungsa. Sampun ngantos awit ajrih kanthi sanget dhateng manungsa, bangsa Israel lajeng kesupen kagungan Gusti Allah ingkang saged paring pitulungan nindakaken pakaryan ingkang adi.
Raos ajrih dhateng sinten saha punapa kemawon, saged nutupi manah kita, saengga kita mboten saged ninggali bilih wonten sosok pribadi ingkang Agung, ingkang nglangkungi punapa kemawon, inggih punika Gusti Allah. Gusti Allah punika ingkang saged mitulungi manungsa, uwal saking masalahipun, mitulungi manungsa uwal saking tiyang awon lan jahat. Pramila sampun kuwatos, Gusti Allah punika nglangkungi samudayanipun. Nalika kita tansah ngeneraken gesang dhumateng Gusti Allah, mboten wonten ingkang ndodosaken kita ajrih. Gusti Allah ingkang dadosaken manungsa tetep gadhahi semangat lan wantun kangge ngadepi punapa kemawon, mliginipun ngadepi tiyang-tiyang ingkang jahat.