Gembala Menyapa
17 September 2022
KARAHAYON INGKANG SEJATI
Mazmur 1:1-6
Ing wiwitaning warsa enggal 2022 kathah tiyang ingkang nggadahi pangajeng-ajeng supados saged nglampahi tahun 2022 kanthi kebaking karahayon. Sakmangke sampun lumebet ing wulan September, kinten-kinten punapa sampun manggihi rahayu punapa dereng? Saben tiyang tamtu nggadahi takeran bab karahayon ingkang benten-benten setunggal lan setunggalipun. Wonten ingkang rumaos rahayu nalika kagungan arta ingkang kathah, nalika brayatipun ayem tentrem, nalika kagungan pangkat, nalika mboten nate cecongkrahan kaliyan sedherekipun, nalika lulus ujian, lsp. Sejatinipun karahayon ingkang sejati punika ingkang kados pundi? Lan kados pundi caranipun supados saged ngraosaken karahayon ingkang sejati?
Miturut paseksinipun sang juru Mazmur, karahayon ingkang sejati punika gampil sanget dipun gayuh dening manungsa, nggih punika nalika saben manungsa karem marang angger-anggeripun Sang Yehuwah lan dipun gilut rinten lan dalu (Ay. 2). Menawi manungsa karem angger-anggeripun Gusti rinten lan dalu sampun sakmestinipun bakal mawujud wonten ing gesangipun sadinten-dinten, lumantar pakaryan lan wicantenan ingkang cunduk kaliyan karsanipun Gusti. Pramila menawi wonten tiyang ingkang ngaku karem angger-anggeripun Gusti rinten lan dalu nanging gesang padintenanipun tebih saking karsanipun Gusti saged dipun wastani bilih sejatosipun piyampakipun taksik dereng saestu nglampahi karsanipun Gusti punika.
Wonten ing gesang punika kita asring kepanggih kaliyan tiyang ingkang sugih bandha donya nanging mboten ngraosaken karahayon ing gesangipun. Tiyang ingkang nggadahi pangkat inggil saking njawi ketinggal rahayu kaliyan semahipun kasunyatanipun saben dinten mesti padu lan mboten rahayu. Wonten tiyang ingkang operasi plastik supados ketingal ayu/ ganteng ananging sejatosipun taksih rumaos mboten rahayu. Pancen gesang punika sawang sinawang. Kanggenipun kita saged setya netepi karsanipun Gusti, kita mesti ngraosaken karahayon ingkang sejati, awit karahayon ingkang sejati punika pinangkanipun saking Gusti.