Gembala Menyapa
11 Juni 2022
Mazmur 130:1-8
Wiwit sasi Maret 2020 kepengker ngantos samangke kathah tiyang ingkang sami nandhang sangsara awit saking pagebluk Virus Corona. Wiwit nalika semanten saya dangu saya kathah tiyang ingkang ketiban pagebluk punika, temah sami nandhang prihatos. Kathah sanget brayat ingkang nandhang kasisahan karana gegelitaning brayatipun (semah, tiyang sepuh, anak, sedherek) ingkang tilar donya lan kasarekaken kanthi cara ingkang nyedhihaken sanget karana pagebluk punika. Kathah tiyang ingkang sami kecalan padamelan lan ulu wetuning (penghasilan) padamelanipun. Bantuan saking pamarentah lan lembaga sanesipun boten saged nyekapi kabetahaning brayat. Awrating pagesangan taksih karaos ngantos sepriki. Sadayanipun mbetahaken kakiyatan lan panglipur.