Gembala Menyapa
24 Desember 2022
PEPADHANG NGAWONAKEN PEPETENG
YOKANAN 1:1-14
Pepeteng mboten namung ndamel manungsa mboten saged ningali punapa-punapa. Pepeteng ugi njalari manungsa rumaos sumpeg, sisah ngantos ajrih, awit manungsa boten saged ngupadi prekawis ingkang sae ing salebeting pepeteng. Dados, sinten ingkang rumaos sumpeg, sedhih lan ajrih manahipun, piyambakipun sayekti saweg gesang ing salebeting pepeteng. Mawarni-warni prekawis saged njalari manusa gesang ing salebeting pepeteng. Tamtu mboten wonten tiyang ingkang remen utawi purun gesang ing salebeting pepeteng, amargi mboten wonten tiyang ingkang purun rumaos sumpeg, sedhih lan ajrih. Pramila sejatinipun sadaya tiyang mbetahaken pepadhang.
Nguningani raosing manahipun manungsa ingkang kados mekaten, Gusti Allah tumedhak ing jagad. Allah manjalma manungsa dados Pepadhang ingkang sejati lan makuwon ing antawisipun manungsa. Sanes manungsa ingkang ngupadi Pepadhang punika, nanging Sang Pepadhang punika ingkang ngrawuhi manungsa. Panjenenganipun ngrawuhi manungsa sanes amargi donga panyuwunipun manungsa, nanging awit karsanipun Sang Pepadhang pribadi karana sih katresnanipun dhateng manungsa. Kanthi mekaten manungsa saged pikantuk pepadhang, saged ningali kasaenan, saged uwal saking raos sumpeg, sisah lan ajrih. Srana caket kaliyan Sang Pepadhang punika manungsa saged rumaos lega, bingah lan ayem tentrem.
Sang Pepadhang punika saestu sampun rawuh ing donya lan makuwon ing antawis kita. Menawi samangke kita taksih kagungan raos sumpeg, sedhih lan ajrih, swawi enggal nyaket dhateng Sang Pepadhang punika. Sang Pepadhang punika kanugrahanipun Allah ingkang ageng tumrap kita. Swawi caket, katampia lan karaos-raosna kanugrahan ingkang adi punika. Kanthi mekaten manah kita saged sesarengan rumaos lega, bingah lan ayem tentrem. Riyadi Natal wancinipun kita sesarengan bebingah ngluhuraken Allah.