Gembala Menyapa
1 April 2023
SEMAYA
Wahyu 10:1-11
Semaya punika tegesipun tumindak nunda-nunda tugas, pedamelan, lan tanggel jawab ingkang kedahipun saged dipun rampungaken sacara cepet. Semaya punika pakulinan ingkang mboten sae, ateges tiyang punika mboten saged nata wekdal, jadwal, lan relasi, satemah ingkang dipun tindakaken inggih namung semaya ing kathah prekawis. Contohipun: mangsa jawah, wancinipun ngabekti dhateng greja malah semaya “halah minggu ngarep ae.” Tiyang ingkang mekaten punika rumaos bilih wekdalipun taksih kathah, dhateng greja saged dipun lampahi kapan-kapan kemawon.
Babagan medaraken Sabda-Nipun Gusti, sejatinipun mboten wonten istilah semaya. Via Dolorosa/ margi kasangsaran punika awujud lelampahanipun Gusti Yesus ingkang sipatipun mboten semaya. Gusti Yesus wantun nglampahi gesang ingkang pait lan legi. Kados waosan kita, Yokanan pikantuk paningal gulungan kitab ingkang tinarbuka/ kawudharan saking malaekating Allah. Lajeng Yokanan nampi dhawuh: “Tampanana lan panganen, iki bakal marakake wetengmu pait, nanging ana ing cangkemmu rasane legi kaya madu.” (Ay. 9). Ayat punika nggadhahi teges:
1. Lumantar Kitab Suci kita saged sumerep bilih tindak tanduk kita lepat lan dosa, lajeng kita badhe pikantuk paukuman lan kedah mratobat (asipat pait). 2. Lumantar Kitab Suci kita saged ngraosaken katresnan-Ipun Gusti, sarta nampi kawilujengan wonten ing salebething gesang kita (asipat legi). Yokanan ingkang dados utusan-Ipun Allah kaparingan tugas medaraken Injil Suci, bilih Gusti Yesus bakal rawuh ingkang kaping kalih ing alam donya punika.
Tiyang Kristen ingkang taksih semaya lan tebih saking Gusti Yesus, kaajak sami pamratobat. Pepujen Kidung Ria 145, ngengetaken kita sami tansah gumregah lan aja semaya nglampahi Sabdanipun Gusti:
Uwes awan ayo kanca padha tangi, digatekke uripe ana ing ngendhi.
Pratandane wes cetha donyane arep sirna, mulane kanca padha tangia.
O tangia, O tangia, Gusti Yesus meh rawuh, O tangia
Mula kanca elinga, urip e diprayitna, Mulane kanca padha tangia
Berkah kajasmanen lan karohanen, kesehatan, lan brayat ingkang sampun kita tampi punika wujud Gusti mboten semaya dhateng kita. Mila kita ingkang katitahaken dening Gusti Allah, punapa kita wantun semaya dhumateng Gusti?