Gembala Menyapa
18 Februari 2023
SUPER HERO
2 Korinta 4:1-12
Kacariyosaken ing film Avenger: Endgame wonten satunggaling superhero ingkang karan Iron Man. Kacariyosaken Iron Man punika cumadhang ngurbanaken dhirinipun kanthi ngagem sarung tangan khusus ingkang wonten watu-watu kasektenipun. Swaunipun watak Iron Man punika kagambaraken minangka sosok ingkang gesangipun namung mikir dhirinipun piyambak lan boten migatosaken tiyang sanes (egois). Ananging ing pungkasanipun nalika perang ageng ngadhepi mengsah ingkang paling kiyat, Iron Man purun ngurbanaken dhirinipun kanthi methet drijinipun satemah mengsahipun saged kawon. Wonten ewah-ewahan sikep saking Iron Man lan punika nedhahaken minangka sikepipun super hero. Pitakenanipun, saking pundi dununging kakiyatan ingkang kados mekaten?
Mbok bilih mekaten raos ingkang wonten ing manahipun Rasul Paulus nalika ningali lampah gesangipun. Paulus ingkang swaunipun dados tiyang ingkang remen nganiaya tiyang Kristen lajeng ewah dados juru pawartos Injil ingkang kawentar. Sanadyan kedah ngadhepi mawerni-werni bebaya saking tiyang-tiyang ingkang boten remen dhateng piyambakipun, Rasul Paulus tansah tatag nglampahi gesangipun. Ing ngriku Rasul Paulus paring paseksi bilih piyambakipun saged lumampah kados mekaten punika sanes krana kakiyatanipun piyambak, ananging krana pikantuk kakiyatan saking Gusti Allah.
Mekaten ugi kita, saben manungsa ingkang purun ngrumaosi bilih dhirinipun winates lan tansah mbetahaken pitulunganipun Gusti Allah, bakal katuntun dening Roh Suci lan pikantuk kakiyatan wonten ing salebeting gesangipun. Tiyang ingkang kados mekaten punika bakal ngalami ewah-ewahan (perubahan) saking tiyang biasa dados ‘’superhero’’ utawi pahlawan iman. Nalika kita ngadepi maneka werni prekawis ingkang dadosaken manah lan iman kita dawah, mangga kita ngandelaken Gusti tuking kakiyatan lan pitulungan kita. Mangga kita tansah gesang ing Gusti Yesus. Kita pitados bilih kita saged nglangkungi sedaya prekawis karana Gusti nunggil kita.