Gembala Menyapa
6 Agustus 2022
WANGKOT
Efesus 4:17-24
Mbok menawi kita asring mireng tembung “wangkot”. Wangkot nggadahi teges mboten purun mirengaken pemanggihipun tiyang sanes. Pemanggihipun tiyang sanes tansah dipun anggep lepat. Tiyang ingkang wangkot punika tiyang ingkang rumaos leres piyambak, manahipun “atos” kados sela, mboten kersa mbikak manahipun kangge tiyang sanes. Saking pengertosan punika, kita saged mangertos bilih sifat wangkot punika mbebayani sanget kangge mangun gesang sesarengan kaliyan tiyang sanes.
Manungsa punika kasebat makhluk sosial, inggih punika makhluk ingkang mboten saged gesang piyambakan. Anggenipun ngayahi lan nglampahi gesang, mbetahaken sesami. Mila saking punika, pasrawungan kaliyan tiyang sanes kedah dipun jagi. Punapa ingkang badhe kelampahan menawi sifat wangkot punika nguasai diri kita? Pasrawungan kita kaliyan tiyang sanes mboten badhe saged sae lan saged dhawah ing crah. Punapa tha, pengajeng-ajeng kita ing salebeting gesang pasrawungan? Tamtu pasrawungan ingkang sae katebihaken saking crah. Langkung-langkung anggen kita sami mangun gesang bebrayatan. Punapa ingkang badhe kedadosan menawi para tiyang ing salebeting brayat wonten ingkang wangkot manahipun? Tamtu mboten badhe wonten raos ayem lan tentrem.
Gesang pasrawungan kaliyan tiyang sanes punika wigatos sanget. Pramila saking punika Rasul Paulus ngengetaken tiyang pitados sampun ngantos kados tiyang ingkang mboten tepang kaliyan Gusti Allah, ingkang salah satunggalipun nggadahi sifat wangkot. Punika kados ingkang kaserat ing ayat 17 lan 18, ingkang mekaten: “Uripmu aja kaya lakuning wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah maneh kang pangangen-angene tanpa guna lan kang peteng pikirane, adoh saka ing urip patunggilan karo Gusti Allah, marga saka bodhone lan marga saka wangkoting atine.” Mugi Gusti Allah tansah nunggil lan madhangi gesang kita, supados gesang kita katebihaken saking watak wangkot.