Dhek emben kae ana tanggaku njaluk tulung supaya ngedolake tanahe sing nang Banyumanik. Aku sakawit yo rada gojag-gajeg, wong selawase iki durung tau dadi makelar. Nanging ndilalah ora nganti seminggu tanahe bisa payu. Bubar kuwi, deweke wara-wara marang kanca-kancane. Yo soko gethok tular kuwi banjur akeh wong-wong sing nganggo jasaku yen arep ngedolake tanah, omah utawa apa lah apa.