Listen

Description

Bubar subuh Srini nglempiti kemule sing isih nglumbruk ing nduwur kasur. Spreine dikebutake banjur bali digelar. Bubar ngono dheweke mbukak lawang. Ora ngertiya ing ngarep lawang wis ana wong lanang ngejejer ana kono. Tratab, Srini kumesar atine. Sasuwene ditinggal ndagang bojone menyang luar Jawa, ya lagi iku ana wong lanang ing ngarep omahe.