Listen

Description

Biyen Tarsiwi mung dodolan mligi batihik tulis alus sawernaning corek. Yen mangkat dodolan menyang pasar mesthi nyampingan, rambute digelung kondhe. Kebayak kang belahan dhadhane sengaja digawe cendhek. Satemah gunung kembare katon muntup-muntup ing suwalike kuthu baru kebayake. Nalika semana Tarsiwi kondhang kanthi sebutan Bu Siwi bakul wade merak ati.