gemah ripah loh jinawi
titi tata tentrem ning ati
lemah subur rakyate makmur
rupiah duwur ekonomi mumbul
sinten mboten purun ngersakne
urip kepenak sareng kancane
ora iren ora gegeran
nyawiji mbangun bebrayan
kanthi tekun padha rukun
ora kerah mundak getun
getun keri tanpo aji
aji mumpung bakal nyemplung
kecemplung kedung tanpa clono
seneng tetulung bakale mulyo
mbluluk tibo omahe bagong
yen wis mulyo yo ojo sombong
sugih tanpa banda
digdaya tanpa aji
nglurug tanpa bala
menang tanpo ngasorake
sinten remen monggo mirengke
menawi mboten sumpel kupinge
laku sareh ana watese
tumindak becik akeh amale
amal sholeh atine sumeleh
ojo dumeh kudu sumeh
andhap asor marang liyan
welas asih sesarengan
geti wijen legi rasane
aja iren apik kancane
gunung lawu uwit cemoro
pengen maju ojo sembrono
jajan sate neng ponorogo
ojo ngece yen kanca cilaka
sukoharjo lewat nguter
yen koe tresno ra sah minder
tuku srabi neng notosuman
kadung janji jo gawe kagelan
menika tembang saking kawula
namung nggrambyang sumonggo kersa
Lyric and beat by Rou Romano